A. Crita Rakyat
Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun uta kang wis dadi tradhisi ing masyarakat.Crita rakyat kasebut kacritaaken ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute.Tumpraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumprap bocah-bocah.Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utaa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandhang, lan amanat.
Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita.Saben crita rakyat nduwe tema kang gumathok supaya gampang diwoco.Latar (setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita.Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita. Sudut pandhang yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.
Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pemikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai-nilai moral kang nduweni gegayutan karo tumindhak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.
- Titiane crita rakyat
b. Duweni sifat tradhisional
c. Sugih cakrik lan variasi
d. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit)
e. Wagune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane
- Mupangate crita rakyat yaiku:
b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai- nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
c. Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
d. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa
mangerteni moral kang apik lan elek.
e. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kangga
para kang maca
- Unsur crita rakyat
a. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
b. Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu,
papan panggonan lan suasana.
c. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake,
ciri fisike, lingkungane, lan sapanunggale.
d. Alur (plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
e. Amanat yaiku pesen kang ana ing crita.
f. Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggale.
konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita.
- Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku mitos, legendha, lan dongeng
Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara
utawa langit, tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
b. Legendha
Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasan
arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang,
Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.
c. Dongeng
Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong
Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.
B. Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita
sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku:
a. Tema : gagasan pokok, pokok crita
b. Latar : papan lan wektu dumadine prastawa
c. Alur : lakuning crita
d. Penokohan : paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise.
Sumber : Gegara Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA
