Mining-up

Mining-up

Sunday, February 2, 2020

GEGURITAN (Puisi jawa)


GEGURITAN

Ringkesan

       Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung - tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa - biasa wae. 

A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan - perangane 
        Supaya bisa nemoake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki :


  1. Maca kanthi premati, yen prelu dibolan - baleni.
  2. Ngatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso(/) utawa sigeg(//).
  3. Golekana tegese tembung - tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
  4. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
  5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe. 
       Menawa cara - cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju (sarujuk), bisa ora setujuh, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan).


Apa Bedane 
dening Sudi Yatmono

Apa bedane prosa karo puisi
bedane ana ati

apa bedane ati karo gori
bedane mung prakara bumbune
bedane apa bumbune karo sing dibumboni
bedane rak mung ana ing wadhah
apa bedane wadhah karo sing diwadhahi 
kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa

lha apa bedane manungsa karo kean
ah iku urusanne Pangeran
(Mbangun Tuwuh, angka 38)


B.  Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

      Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati - pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa namokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.

C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan 

      Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan , prelu kogatekake bab - bab kaya mengkene.
  • Ora kaiket dening aturan utawa pranata guru gatra, guru wilangan, guru lagu, sapanunggale.
  • Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
  • Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale).
  • Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, myimdhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.

Sumber :Gegara Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA

Saturday, February 1, 2020

Pamali lan maksudte


Pamali lan maksudte

Pantangan atau pamali  yaiku suatu kepercayaan seng diajarke turun temurun Seko jaman biyen,nek ora dilakoni kita bakal entok balak(hal - hal negatif). Pantangan - pantangan seng biasa ana ing masyarakat yaiku :

1. Nek mangan kudu dientekake nek ora pitikke mengko mati

Maksudte Seko pamali Iki yaiku ngajarake kita kudu bersyukur Ojo nguwak - nguwak makanan.

2. Ojo njegong neng tengah Lawang

Maksudte Seko pamali Iki yaiku ngajarake nek Lawang Kuwi kanggo lewat nek kita neng tengah Lawang bakal ngadangi wong seng meh lewat.

3.  Ojo ngunting kuku bengi - bengi mundak tugel tanganne

Maksudte Seko pamali Iki yaiku pas jaman biyen lampu iseh langka lan pas jaman biyen nek meh ngunting kuku nganggone gunting utawa pisau dadi nek ngunting kuku bengi - bengi dikhawatir'e ISO ngunting tanganne


4. Ojo njegonggi bantal mundak wudunan

Maksudte Seko pamali Iki yaiku supaya ora njegonggi bantal amarga bantal Kuwi kanggo Sirah ora pantes kanggo di jangongi .

Sumber : wawancara Seko wong - wong seng di anggep sesepuh ing masyarakat

Saturday, January 18, 2020

Crita Rakyat

Ringkesan

A. Crita Rakyat
     
     Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun uta kang wis dadi tradhisi ing masyarakat.Crita rakyat kasebut kacritaaken ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute.Tumpraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumprap bocah-bocah.Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utaa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandhang, lan amanat.
    Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita.Saben crita rakyat nduwe tema kang gumathok supaya gampang diwoco.Latar (setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita.Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita. Sudut pandhang yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.
    Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pemikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai-nilai moral kang nduweni gegayutan karo tumindhak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.


  • Titiane crita rakyat 
        a. Panyebarane kanthi lesan
        b. Duweni sifat tradhisional
        c. Sugih cakrik lan variasi
        d. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing                            nganggit)
        e. Wagune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane


  • Mupangate crita rakyat yaiku:
        a. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
        b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai- nilai kabeneran lan kaapikan              kang ana ing sajroning crita.
        c. Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
        d. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa
            mangerteni moral kang apik lan elek.
        e. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kangga
            para kang maca


  • Unsur crita rakyat
        Crita rakyat nduweni unsur-unsur intrinsik, kayata:
        a. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
        b. Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu,
            papan panggonan lan suasana.
        c. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake,
            ciri fisike, lingkungane, lan sapanunggale.
       d. Alur (plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
       e. Amanat  yaiku pesen kang ana ing crita.
       f. Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggale.
          konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita.


  • Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku mitos, legendha, lan dongeng
       a. Mitos
          Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara
          utawa langit, tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
       b. Legendha
           Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasan
           arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang,
           Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.
       c. Dongeng
           Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong
           Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.

B. Sinopsis
     Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita
     sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku:
     a. Tema                : gagasan pokok, pokok crita
     b. Latar                : papan lan wektu dumadine prastawa
     c. Alur                 : lakuning crita
     d. Penokohan       : paraga crita
     Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise.

Sumber : Gegara Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Thursday, January 16, 2020

Tembang macapat gambuh Urip bebrayan


Ringkesan

    Serat wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Adipati Arya ( KGPAA) Mangkunegara IV.Tembung serat tegese tulisan utawa karya, Wedha tegese wulangan utawa tuntunan, dene Tama duwe teges utama utawa kautaman.Dadi,wose Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat Pupuh pangkur,sinom,pocung,gambuh,lan kinanthi.

A. Maca lan nanggapi teks Serat Wedhatama Pupuh gambuh kan nitik guru Gatra,guru lagu,lan guru wilangan

Gambuh
Samengko ingsun tutur,
Sembah catur supaya lumuntur,
Dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki,
Ing kono lamun tinemu,
Tandha nugrahing Manon

Arti : 
yen aku ngomong,
papat warno sembah supaya di lestarikke,
kapisan sembah raga cipta jiwa rasa putraku,
nang kono kui arep ketemu tanda anugrahe kang maha kuasa.


Makna :
 Manungsa kudu nyembah Gusti kang maha kuwasa
 Sembah marang Gusti kang maha kuwasa ana Patang werna yaiku Sembah raga, cipta, jiwa, lan rasa
 Manungsa Yen wis nglakoni Patang sembah iku mau, bakale entuk anugrah saka Gusti kang maha kuwasa


  • Guru Gatra : guru GATRAnews Sapen pada tembang gambuh ana 5
  • Guru lagu : u,u,i,u,o
  • Guru wilangan : 7,10,12,8,8
  • Supaya gampang bisa ditulis koyo ngene : 7u,10u,12i,8u,8o

Sumber : Gegara Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA http://aksarizkuna.blogspot.com/2018/10/serat-wedhatama-pupuh-gambuh-dan.html?m=1

Wednesday, January 15, 2020

Tembang kinanthi

Kinanthi


Ringkesan


Perangane Serat Wedhatama kang pungkasan, anggitane KGPAA Mangkunegara IV yaiku pupuh Kinanthi.Ing wulangan iki pupuh Kinanthi mengko araep didhudhah banjur digathuk – gathuake karo kahanane bangsa Indonesia ing jaman saiki. Tembung kinanthi iku saka tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in iki tegese padha karo ater – ater di-. Dadi, kinanthi tegese dikanthi, dituntun, digandheng, utawa diarahake.


A. Maca, nanggapi lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan teks Serat Wedhatama pupuh Kinanthi


Kinanthi

Marma den taberi kulup,

anggulah lantiping ati,

rina wengi den anedya,

pandak-panduking pambudi,

mbekas kahardaning driya,

supadya dadya utama.


Pupuh Kinanthi ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 19 pada (bait). Sapada tembang kinanthi kiwa iki kawiwitan saka tembung marma tekan tembung utami.


Guru gatra saben sapadane tembang kinanthi ana 6 gatra utawa larik.

Guru lagune tembang kinanthi yaiku : u,i,a,i,a, lan i.


Guru wilangane tembang kinanthi iku : 8,8,8,8,8, lan 8.


Supaya gampang dieling-eling, guru wilangane lan guru lagune tembang kinanthi, biasane ditulis : 8u,8i,8a,8i,8a, lan 8i.


B. Arti lan makna tembung kinanthi


Kinanthi

Marma den taberi kulup,

anggulah lantiping ati,

rina wengi den anedya,

pandak-panduking pambudi,

mbekas kahardaning driya,

supadya dadya utami.


Arti :

Mula sregepo bocah-bocahku,

sinau ngasahke ati,

awan bengi nyoba,

Nembus neng njero sanubari,

ngilangke kepinginan ndewe

supaya dadi (manungsa) utama.


Makna:

Dadi anak iku kudu sregep, sinau ngasah ati, awan bengi kudu ngupaya, mlebu ing njero ati, musnahake nafsune awak, supaya dadi menungso sing utama. 


Sumber: Gegara Nyinau BASA JAWA 3 Kelas XII SMA/SMK/MA https://annisaputra15.blogspot.com/2018/03/tembang-kinanthi-serat-wedhatama-pupuh.htmlhttp://aksarizkuna.blogspot.com/2017/10/pupuh-kinanthi-dan-artnya-dalam-bahasa.html

Sunday, September 24, 2017

Pembagian Ip Address dan Subneting

IP Address

            Ip Address
IP Address terdiri dari NERWORK ID (NID) dan HOST ID (HID)
Setelah IP Adrdress ada juga protocol ,protocol berfungsi sebagai penerjemah dan juga sebagai alat berkomunikasi antar computer.
PROTOCOL adalah sebuah alamat yang di berikan oleh computer untuk berkomunikasi dari computer satu ke computeryang lain
IP ADDRESS MEMPUNYAI OBTET DAN BIT KALAU V4 OBTETNYA 4
IP Address juga di bagi menjadi 3 kelas yaitu :

Topologi Jaringan

Topologi Jaringan
            Topologi jaringan adalah cara menghubungkan satu computer dengan computer yang lain sehingga membentuk sebuah jaringanatau hubungan computer. Media yng di pakai antaranya adalah : Twisted pair , coaxial cable , optical cable dan wileress

Jenis-jenis topologi jaringan  computer antara lain :

GEGURITAN (Puisi jawa)

GEGURITAN Ringkesan        Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, c...